Geneya bocah-bocah gen-Z luwih ngati-ati menawa nulis basa manca? Wondene yen nulis basane dhewe kaya-kaya sakepenake wudele. Apa mung krana basa Inggris kang wis diakoni minangka basa internasional mula tata ucap lan tata tulise kudu bener, dene yen basa Jawa kena disepelekake? Njur yrn dudu wong Jawa dhewe kang tekun ngrumat, arep sapa maneh? Muga-muga kanthi babaring buku kumpulan geguritan …
Sedaya crita lan geguritan ingkang kaserat para kadang minangka wujud rasa tresna dhumateng kabudayan Jawi. Wujuding rasa "melu handarbeni, melu hangrungkebi, mulat sarisa hangrasa wani" ingkang kagambaraken lumantar rakiting ukara lan roncening tembung-tembung endah saking bruwalaning manah para panulis. Ugi minangka salah satunggaing krekah krenah kinarya memetri basa tuwin sastra, sarta ngur…
Kanthi kababaripun buku Kumpulan Gurit Cah Sekolah GRENG menika, saged dados pamecut generasi mudha amrih anggadhahi raos tresna dhumateng budayanipun piyambak . Memetri sarta angleluri budaya dhaerah mboten ateges kantun saking ombyaking jaman ingkang tansaya maju.
Sakabehe laku tumindak, impen lan pengangen, bisa dadi lantaran kanggo ngrakit ukara, angronce tembung. Sateruse dadi rangken larik-larik endah kang kepenak diwaca. Krana asipat probadi, mula senajan apa kang diangen-angen padha wujude
Buku Kumpulan Geguritan ini merupakan karya ketiga Dra. Binti Nuryati yang memiliki nama pena Nury Ebs, meliputi kisah kehidupan yang terangkai dalam untaian aksara nan elok dengan menggunakan Bahasa Jawa.
Gurit-gurit ingkang kaaturaken wonten buku menika, ngandhut tema mawarni-warni, salaras kaliyan lingkungan, bebrayan ugi pasrawungan ingkang karaosaken para panggurit piyambak, minangka tutur piweling tetambahing ngelmu ingkang estu-estu mupangati.
Kita kudu tansah cancut tumandang gawe, netepi wajib tumindak miturut garising bebener. Netepi jejering titah minangka dadi pahlawan tumrap dhiri pribadi lan kluwarga kanthi nuladha watak satriyatama. Sokur bage lamun temahane bisa mupangati tumraping bebrayan, tamtu bakal nggayuh kamulyan lan kautaman ing dina tembe.