Sedaya crita lan geguritan ingkang kaserat para kadang minangka wujud rasa tresna dhumateng kabudayan Jawi. Wujuding rasa "melu handarbeni, melu hangrungkebi, mulat sarisa hangrasa wani" ingkang kagambaraken lumantar rakiting ukara lan roncening tembung-tembung endah saking bruwalaning manah para panulis. Ugi minangka salah satunggaing krekah krenah kinarya memetri basa tuwin sastra, sarta ngur…
Kita kudu tansah cancut tumandang gawe, netepi wajib tumindak miturut garising bebener. Netepi jejering titah minangka dadi pahlawan tumrap dhiri pribadi lan kluwarga kanthi nuladha watak satriyatama. Sokur bage lamun temahane bisa mupangati tumraping bebrayan, tamtu bakal nggayuh kamulyan lan kautaman ing dina tembe.