Ing antologi cerka NI, kacetha nyata unsur-unsur sing ngrakit mirungganing sastra Jawa. Ing antarane, laku panguripan ing desa lan kutha cilik, kasunyataning uripe wong cilik, sesabungane lanang wadon, perjuwangane pawestri sing urip kijenan, tata-kramane pasrawungan, lan unggah-ungguhing ing jabatan ... kabeh underan mau kalimput ing swasana Jawa.
Donyaning para remaja pancen nggumunake. yutan perkara kang dumadi. Kahanan kang sering nyiptakake idhe-idhe manjila lan becik. Nanging uga ora sethitihik bab-bab ala kang kelakon. Salah sijine kang narik kawigaten ing tataran iki yaiku babagab pacarankang akeh digandrungi saben pawongan. Ora mung para remaja nanging uga ora sethitihik para diwasa kang kapilut kaendahane.