Kumpulan guritan iki rada beda, amarga luwih saka satus penulis melu gawe guritan lan kamot ana buku iki. Dene kumpulan guritan iki asesirah Gaman. kena apa kok Gaman? Ora amarga ana salah siji gurit kanthi judhul Gaman, nanging ngemu teges bisa digawe gaman sinau nulis gurit ing tembe mburi. Bisa uga dadi gaman gawe terus olehe ngleluri basa Jawa, gaman laku apik tumindak becik. Amarga akeh gu…
Gurit kuwi lungit. Gurit kuwi landhep. Samubarang kang kecekel ing tangane penggurit bisa dadi barang kang endah edi lan ndudut ati satemah bisa ngubak-ubak rasa pangrasa sok sapaa kang maos. Ing jagading pamulangan kang kacetha kaya jaman ing saiki bisa rineka dadi gurit kang ndyani gumregahe daya rasa, cipta, lan karsa satemah nggugah greget kang manjila nedya ora kasoran klawan kaanan.
Geguritan-geguritan anggitanipun sdl. Achmad Kanapi, Adisty Isty, Amie Williams, Amini, Amin Suprihatin, Anank W, Anastasia SM, Budi Wahyono dalah kulawarga Komunitas Ajar Gurit ing buku punika kaya ngelingake menawa sakehing titah kang 'gelem urip' tansah bisa (lan sumadya) mikir lan ngruwat landheping rasa pangrasa.
Maca lan nyemak geguritan kang kamot ing buku iki, bakal bisa nambahi kawruh lan ndadekake sinau basa Jawa dadi luwih gampang lan kepenak. Luwih becik menehi tuladha bener senajan sethithik kang migatekake, tinimbang melu salah kang kebacut kaprah.
Lestarinipun basa dados titikan lestarinipun budaya ingkang mujudaken kuwajiban kangge ningkataken drajat panguripan satunggaling bangsa janthi ngugemi budaya sarta tradhisi ingkang jamak kalampahaken wonten ing dhaerahipun piyambak-biyambak.
Geguritan punika nyariosaken lelampahan gesang satunggaling wanita wiwit tetepungan kaliyan satunggaling priya, ngantos tinilar pralaya dening priya ingkang sanget dipuntresnani.