Geneya bocah-bocah gen-Z luwih ngati-ati menawa nulis basa manca? Wondene yen nulis basane dhewe kaya-kaya sakepenake wudele. Apa mung krana basa Inggris kang wis diakoni minangka basa internasional mula tata ucap lan tata tulise kudu bener, dene yen basa Jawa kena disepelekake? Njur yrn dudu wong Jawa dhewe kang tekun ngrumat, arep sapa maneh? Muga-muga kanthi babaring buku kumpulan geguritan …
Sedaya crita lan geguritan ingkang kaserat para kadang minangka wujud rasa tresna dhumateng kabudayan Jawi. Wujuding rasa "melu handarbeni, melu hangrungkebi, mulat sarisa hangrasa wani" ingkang kagambaraken lumantar rakiting ukara lan roncening tembung-tembung endah saking bruwalaning manah para panulis. Ugi minangka salah satunggaing krekah krenah kinarya memetri basa tuwin sastra, sarta ngur…
Buku Antologi Parikan punika karya sesarengan para penulis sastra Jawa kanthi irah-irahan "Larik - Ngrakit Geguritan, Kumpulan Parikan."
Crita utawa wacan bocah, ora mung ngemu pitutur babagan moral, nanging uga menehi piwulang tumrap bocah ngadhepi sawenehing perkara sarta cara kanggo mrantasi masalah kuwi mau. Saliyane iku bab kang ora kalah wigatine yaiku menehi tata pamawas tumrap pamaos minangka 'bocah' lan dudu pawongan diwasa.
Basa Jawa bangetang diwulangake wiwit saka pawiyatan dhasar tumekane tataran SMA lan SMK, rinasa ora bakal mupangati banget kalamun tanpa ana cawe-cawene wali siswa lan lingkungan kulawarga. Luwih gampange generasi mudha nampa rembug mawa basa Indonesia ndadekake jarang kang bisa ngucap utawa guneman nganggo basa Jawa kanthi bener lan pener. WPSJ Melati rinonce miwiti anggone melu nguri-uri kas…
Kanthi kababaripun buku Kumpulan Gurit Cah Sekolah GRENG menika, saged dados pamecut generasi mudha amrih anggadhahi raos tresna dhumateng budayanipun piyambak . Memetri sarta angleluri budaya dhaerah mboten ateges kantun saking ombyaking jaman ingkang tansaya maju.
Pertarungan perempuan bukan hanya melawan rintangan eksternal, tetapi juga melibatkan perjuangan internal dan konflik batin. Wanita selalu berusaha mengatasi ketakutan, keraguan, dan hambatan yang mungkin timbul selama perjalanan menuju impian-impiannya. Melalui interaksi dengan berbagai orang dan pengalaman hidup, wanita tumbuh sebagai individu yang lebih kuat dan penuh kebijaksanaan.